Kisah CINTO BRONTO


Benangmerahdasi.com Cinto_bronto

Dining mbah Naja Wafa

Kathanging kisah bronto kang ora bisa dinalar akal utowo okol ananging nyoto tur biso numbuhke katrisnan kang jeru.
Koyoto kisahing gusti wadon Khodijah naliko sakdurunge nikah kalian gusti nabi nate ngipi ono serngenge kang mlebu ing kamare lewat jendelo. Bareng diaturke sang paman waroqoh bin naufal, sang paman dawuh yen mimpi iku artine gusti khodijah besok bakale kadaupaken/kanikahaken pikantuk gusti nabi ahir zaman muhammag saw. Ngantos nyotone kisah.

Ugo kisah zulaikho lan nabi yusuf. Naliko durung nikah kalian nabi yusuf siti zulaikho ugo nate ngipi pinanggih wong lanang kang gantheng.tp ora weruh omahe lan panggonane. Naliko ono kafilah ngedol bocah cilik kang ditemu songko njerone sumur (nabi yusuf) banjur bocah cilik iku dituku lan diopeni garwo kakunge siti zulaikho kang asmo patih Qitfir.mbasan diopeni nganti gedhe nembe muncul yen opo kang di impeaken jaman biyen iku iyo wajah sing koyo bocah kang dituku lan diopeni iku yoiki nabi yusuf. Sing ahire sakwuse garwo kakunge siti zulaikho sedo nyoto kedadeane yen alloh ndaupaken/nikahaken siti zulaikho kelawan nabi yusuf as.
Ono maneh kisah nyoto salah sijine santri ing pondok daerah kediri ngipi ketemu mbak santri. Ananging ugo ora weruh wonge lan omahe. Ahire crito dadi nyotone pas romo yai nimbali kang santri iku lan dinikahen kalian mbak santri kang ono ngipine.
Ugo ono kang ketemu neng dunyo maya sing ra tau weruh wonge lan omahe ugo nyoto dadi jodone lan katrisnane.

Bener dawuhe kahlil gibran:
"CINTA BUKAN DARI MATA TURUN KE HATI... tp DARI HATI MENJULUR KE SELURUH TUBUH"
tapi ugo ono kang ngipi ketemu mbak cewek. tp nyotone dudu dadi jodone.
Bener ugo ature pepatah bijak:
"CINTA TAK HARUS MEMILIKI"
Mulane dawuhe penyair liyo saktemene kang jeneng CINTA SEJATI iku "BAHAGIA yen ingkang ditrisnani iku ngroso BAHAGIA senajan to ora sesandingan karo slirane"
OH_Cintooo_cintooo

Share this:

Post a Comment

 
Copyright © benangmerahdasi.com. Designed by OddThemes & VineThemes