Kisah Isro' Mi'roj Nabi Muhammad SAW


Benang merah Dasi
 
-ISRO' MI'ROJ (Dining mbah Naja Wafa)

( إسراء_معراج)

Isro' iku lakune Nabi Muhammad SAW ing wektu wengi awit masjidil harom mekkah (sing dibangun nabi ibrohim as) nganti masjidil aqso palestina (sing dibangun nabi ya'kub as putune mbah nabi ibrohim as).

Mi'roj iku lakune nabi saw awit masjidil aqso nganti sidrotil muntaha ing ngarso gusti kang angaryo jagad.
Sebab sebab kedadeane mi'roj iku koyo katerangan ing kitab durrotunnasihin koco 117 yoiku onone perselisihan antara bumi lan langit.

BUMI (B) 
LANGIT (L)
B : "(klawan nyombongke awake) Aku luwih apik tinimbang awakmu ngit, gusti alloh maringi aku pepahes rupo negoro2,laut, bengawan, wit2an, gunung2, lan liyo2ne.
L : "(ora kalah sombong) Luwih apik aku mi, serngenge, rembulan, lintang2, arsyi, kursi, swargo kabeh ono neng nggonku".
B : "Nek nggonku ono omah sing kanggo ibadah poro nabi, wali lan wong2 kang sholih lan kabeh wong islam yoiku ka'bah".
L : "Aku yo duwe sing jenenge Baitul makmur kang gawe nggon ibadahe poro malaikat kang ono langit, aq yo ono swargo kang dadi panggonane poro wong kang apik2".
B : "(ora gelem kalah) ngit langit tak kandani yo, nek gonku ono wongkang dadi gusti pemimpine poro nabi, poro utusan, kekasihe alloh, sing apike ngalah2hi makhluq liyane kabeh".
L : "(meneng ra biso njawab maneh.. $#¥£€₩$#$£₩$€%).
Nuli langit matur marang alloh ta'ala...
L : "duh gusti... mbok giho panjenengan inggahaken nabi muhammad dateng kulo (langit) kersane kulo gadah kemuliaan kados ingkang sampun digadahi bumi".
Alloh ngabulaken penjaluke langit, nuli dawuh maring malaikat jibril (J) lan Izroil.
Alloh: "Jibril.. siro ojo moco tasbih bengi iki. Izroil.. siro ojo njabut nyowo bengi iki".
J : " Nopo badhe qiyamat gusti??".
Alloh : "Ora jibril.. ananging budhalo nyang suwargo, jupuko burok lan budhalo marang muhammad gowonen mrene".
Jibril budal marang suargo, ing jerone swargo ono burok kabehe 40ewu, lan saben2 burok iku ono ing bathuke katulis asmo محمد.
Ono siji burok kang dingkluk, luhe netes (nangis). Malaikat jibril banjur takon opo sebabe kok nangis?
Burok iku jawab : " kulo kepingin panggih kalih tyang ingkang asmane katulis ing bathuk kulo, kulo yakin tyang meniko tyang ingkang sae tur utomo ngantos asmone mawon kaserat ing bathuke kito. Kulo rindu sanget kaliyan asmo meniko jibril....ngantos kulo boten purun maem lan nginum".
Jibril : "umpomo siro tak pethukke wong kang asmone katulis ing bathuk siro yoiku MUHAMMAD??
Burok : "(bungah buanget....)
Lan ahire ditemoake kaliyan nabi muhammad nganti ahire kisah ISRO' MI'ROJ.
----------------------------------------------------------
Mugo-mugo kulo lan panjenengan mbesok dijini gusti alloh ditemuake kaliyan nabi muhammad saw amin....
----------- اللهم صل على سيدنا محمد -----------------

Share this:

Post a Comment

 
Copyright © benangmerahdasi.com. Designed by OddThemes & VineThemes