Kajian Kitab Ta'liimul Muta'allim (No:001)


Benangmerahdasi.com -Kajian Kitab Ta'liimul Muta'allim

Kitab : Ta'liilmul Muta'alim
No    : 001
Hari : Selasa
Oleh: Umy Nana Syarif


Langkung rumiyen, Kyai Mushonnif  Asy-Syeikh Az-Zarnuji.
Kapisan nglahiraken puji pengalembono nipun dateng Gusti Allah ingkang sampun ngunjuk aken umat manungso sarono, ilmu lan 'Amal, sehinggo ngungkuli ing sedoyonipun alam.

Kaping kalih ngaturaken Rahmat Ta'zhiim dateng kanjeng Nabi Muhammad ingkang dados tetungkul ipun bongso arab tuwin bongso sanes-sanes ipun. Sumrambah dateng poro keluarga serto poro shohabat ipun ingkang sami dados sumber ipun sedoyo ilmu kaweruh tuwin hikmah.

Kaping tigo nglahiraken sabab-sabab ipun mushonnif damel kitab Ta'liimul Muta'allim kanti ngendikanipun: rehening ingsun wus meruhi akeh-akehe wongkang podo ngundi ilmu kaweruh ing zaman kito iki kanti podo nemen, nanging ora podo biso hasil. utowo iyo hasil nanging ora biso ngunduh ing manfaat lan buah-buahe ilmu, yo iku ninda'aken ilmune lan nyiar-nyiarke ilmun, amero wong-wong mau paribasan wong mlaku, podo keliru ing dalan-dalane, lan podo ninggal ing syarat-syarate ngundi ilmu.

Ing hale sopo wonge kang keliru dalane, mongko kesasar, sak banjure ora biso hasil opo kang di sejo, podo ugo cilik utowo gedhe sithik utowo akeh.

Mulo sebab iku, banjur aku karep lan kepingin gawe kitab Ta'liimul Muta'allim, maksudipun krono aweh katerangan marang wongkang podo ngundi ilmu ing dalan-dalane lan carane ngundi ilmu sarono miturut marang kaweruh kang  wus ingsun werui ono ing kitab-kitab lan keterangan-keterangan kang wus ingsun rungu sangking poro guru-guru ingsun ingkang podo kagungan ilmu lan hikmah.

Dasar ingsun aweh keterangan mau, jer mung krono ngarep-arep kersoho poro sedulur kang podo demen marang ilmu, ingkang podo bersih-bersih sangking sifat-sifat kang kurang prayugo, iku podo andonga'ke kanthi ikhlase penggalih.

Mugo-mugo bisoho hasil opo kang ingsun sejo lan mugo-mugo besok ono ing akhirat bisoho selamet.

Pikarep ingsun gawe kitab mau, sak wuse ingsun istikhoroh marang gusti Allah, Alhamdulillah hasil bisyaroh becik, banjur ingsun leksanaaken hinggo wujud suwiji kitab kang ingsun namani : Ta'liimul Muta'allim.

Kang ma'nane: Ngerte'ake wongkang ngundi ilmu marang dalan-dalane lan cara-carane ngundi ilmu, kang supoyo Muta'alim mau biso hasil ilmu, sehinggo biso ngrasa'ake buah-buahe ilmu.

Mulo songko iku, supoyo gampang anggone maham lan ngerteni, banjur kitab iki ingsun gawe peprincen kelawan 13 fashal:

1. Nerangken sual ilmu, lan khususe utamane ilmu fiqih.
2. Nerangken niat nalikane amrih ilmu.
3. Nerangken milih ilmu lan milih guru lan milih konco, lan nerangke tabah.
4. Nerangken ngegungaken ilmu lan ahli ilmu
5. Nerangken panemen pepelanggeran utowo ajek lan sejo kang luhur.
6. Nerangken waktu kang kanggo kawitan ngaji, lan ukurane serto urut-urute ngaji.
7. Nerangken tawakal
8. Nerangken waktune ngasilke ilmu
9. Nerangken watak welas lan karep marang bagus.
10. Nerangken amrih faidahe ilmu
11. Nerangken wira'i, tegese ngrekso perkoro ingkang harom, ing nalikane ngundi ilmu utowo ngaji
12. Nerangken perkoro kang anjalari apal lan maraake lalen
13. Nerangken barang kang anjalari gampange risqi, lan barang kang dadi sebabe siyal rizqine.

Lan nerangke ugo perkoro kang anjalari tambah utowo sudone umur.

Dene anggon ingsun bakal ngaturake keterangan isi-isine fashal-fashal kang wus kasebut mau, iku sarono ingsun sumende marang pitulunge Allah, kang ingsun temetu bali marang Gusti Allah.

Bersambung..
Alhamdulillahi Robbil 'Aalamiin
Semoga bermanfaat

Sragen 29 Agustus 2017
Selasa Legi.

Share this:

Post a Comment

 
Copyright © benangmerahdasi.com. Designed by OddThemes & VineThemes